Nglinting Saududan*)

Nglinting saududan

Ngrakit  rasa lan sasmita

Nyumet saududan

Necep kawruh kamanungsan

Aku aweh pitakon

Marang kedhule kukus kang tanpa aturan:

“Kus, akeh ilmu lan maneka kapinteran

akeh pawiyatan lan para winasis

nanging, kena ngapa ngelmu-ngelmu sundhul langit

lan rakyat isih kesrakat?”

 

Kukus mau mung meneng muluk ing wuwungan,

banjur ilang

 

Hari Pahlawan, 10 November 2015

 

*Kapacak ing jagad jawa solopos edisi 26 November 2015

Leave a comment